Makna Ibadah

MAKNANIPUN IBADAH

 

Hadirin jama’ah jum’at rahimakumulllah, lewat mimbar jum’at puniko kawulo ngajak pribadi kulo piyambak khususipun, umumipun panjenengan sedoyo, monggo tansah ningkataken taqwa dumateng Allah SWT, kranten namung taqwa engkang saestu engkang badhe bentangaken jalan kebahagian wonten ing dunyo, langkung-langkung wonten ing akhirat.

Jama’ah jum’at rahimakumullah, wonten kesempatan puniko kulo badhe ngaturaken babakan pangartosanipun ibadah. Ibadah kanggenipun sedoyo agami, termasuk Islam merupakan unsur engkang mutlak lan penting. Agami engkang intinipun keyakinan dumateng Zat Engkang Moho Agung, kerinduan dumateng Zat Engkang Nguasani Alam Semesta, keinginan saget berkomunikasi kaliyan Allah, nglahiraken bentuk-bentuk peribadatan utawi pengabdiyan. Dados, intisarinipun agami inggih puniko pengabdian utawi peribadatan. Malah pengabdian meniko merupakan kecendrungan manusia engkang bersifat dasariyah. Manungso mboten saget ngelak, sagetipun namung milih setunggal lan sanesipun obyek pengabdian. Ngutip tulisanipun Dawam Rahardjo wonten Ensiklopedi Al-Qur’an, namung wonten kaleh pilihan obyek pengabdian menungso; agami kemanusiaan engkang mengajarkan cinta kasih, menopo agami perbudakan engkang ndadosaken kekuasaan, harta  utawi seks sebagai obyek pengabdian lan pemujaan.

Dipun utusipun Nabi lan Rasul dumateng saben-saben umat, sejatinipun supados nyaosi petunjuk babakan peribadatan puniko ; sinten engkang layak dipun sembah lan pripun caranipun nglampahi pengabdian utawi peribadatan dumateng Allah SWT.  Wonten surat al-Nahl. Ayat 36 dipun terangaken:

وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اُعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ

“Yekti wis tak utus salah sijining Rasul saben-saben umat supoyo iso menehi wulangan, ngibadaho siro kabeh maring Allah lan ngedohono nyembah maring sak liyani Allah”.

 Jama’ah jum’at engkang berbahagia, Ibadah dipun tilik saking makna kebahasaan artosipun “taat, tunduk, merendahkan diri lan menghambakan diri”. Wondene, makna istilahipun ibadah inggih puniko “penghanghambaan diri engkang sak estu-estu kranten nyuprih ganjaran wonten akhirat”.

Ibnu Taymiyyah ngawedaraken bilih ibadah puniko menurut syara’ maknanipun “tunduk lan tresno/cinta”, artosipun tunduk mutlak dipun sertani raos cinta engkang tulus dateng Allah. Dados, unsur-unsur ibadah inggih puniko :

1. Taat lan tunduk dumateng Allah

Maknanipun nggadahi raos bilih ngleksanani sedoyo perintah lan nebihi laranganipun Allah puniko wajib. Dereng termasuk beribadah, menawi wonten tiyang engkang boten purun tunduk dumateng perintah-perintahipun Allah, mboten purun taat dumateng aturanipun, senajanto tiyang meniko nggadahi kesadaran bilih Allah engkang nyipto langit bumi ugi engkang nyukani rizki dumateng sedoyo makhluk.

2. Tresno utawi cinta dumateng Allah

Kesadaran dateng  wajib-ipun taat lan tunduk puniko lahir saking perasaan cinta dateng Allah. Ketundukan puniko lahir saking hati engkang penuh kecintaan dateng Allah, ngraosaken keagunganipun kranten namung Allah engkang menciptakan alam semesta lan sak isinipun.

Kaleh unsur ibadah meniko mboten saget dipun pisahaken. Allah sampun nerangaken wonten surat Ali Imran, ayat 31 :

قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ(31)

“ Ngomongo siro Muhammad, nek kowe kabeh bener-bener mencintai Allah, meluo aku, yekti Allah ngasihi lan ngampuni dosa-dosamu. Allah moho pengampun lan moho penyayang”.

Unsur tresno/cinta puniko ugi ditekanaken wonten hadis engkang dipun riwayataken saking Bukhari Muslim engkang ungelipun :

والذى نفسى بيده لا يؤمن أحدكم حتى أكون أحب إليه من ولده و والده و الناس أجمعين

“Demi Zat sing nguasani awakku, durung beriman salah sijining siro kabeh, hinggo aku luwih dicintai soko anake, ibu-bapake lan umat manungso kabeh. 

Jama’ah jum’ah rahimakumullah, ibadah nggadahi kaleh arti;

Engkang sepisan ibadah dalam pengertian engkang sempit, dipun sebat ugi kaliyan ibadah mahdlah, contonipun sholat, puasa, haji lan ibadah sanesipun engkang ngandung ritus engkang jelas. Ibadah mahdlah utawi khusus puniko ibadah engkang jenis lan cara pelaksanaanipun sampun ditentukan kaliyan syara’. Kito mboten angsal ngribah, ngirangi utawi nambahi.

Ongko kalehipun, ibadah dalam pengertian engkang luas utawi umum engkang kasebat ibadah ghoiru mahdlah. Ibadah puniko meliputi sedoyo tindakan lan aktivitas engkang dipun dedikasi-aken utawi dipun aturaken dumateng Allah kranten namung nyuprih keridlaan Allah. Ibadah ghoiru mahdlah mekaten mensyaratkan wontenipun niat, selaras kaliyan hadis : innama al-a’mal bi al-niyah (Anging pemestine penggawean iku tergantung karo niate). Sedoyo tindakan engkang dipun niati kanthi ikhlas namung menuhi tuntutan agama, nempuh jalan engkang halal lan nebihi engkang haram saget dipun sebat ibadah.

Wonten istilah sanesipun, ibadah kapilah dados; ibadah engkang bersifat vertikal nyangkut hubungan kawulo kaliyan Allah lan ibadah engkang bersifat horizontal nyangkut hubungan kawulo kaliyan sesaminipun. Pilahan puniko saget dipun pahami saking firman Allah wonten surat al-Nisa’ Ayat 125 :

وَمَنْ أَحْسَنُ دِينًا مِمَّنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَاتَّبَعَ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا

 

“Lan sopo sing luwih apik agamane (ahsanu dinan), dibanding wong kang berserah diri secara utuh maring Allah, sak liyani kuwi deweke nglakoni kabecikan marang sapodo-podo  lan ngikuti agamane Ibrahim kang lurus”.

 Berserah diri marang Allah wonten ayat ing nginggil mewakili ibadah engkang sifatipun vertikal, nglakoni kabecikan marang sapodo-podi makili ibadah engkang sifatipun horizontal.

Dimensi ibadah engkang sifatipun vertikal, nyangkut hubungan personal hamba kaliyan Allah, nglahiraken kesalehan engkang sifatipun individual, dene dimensi ibadah engkang horizontal ngasilaken kesalehan sosial. Kesalehan individual ugi kesalehan sosial mestinipun mboten saget dipun pisah-pisahaken kados mboten saget dipun pisahaken antarane ibadah mahdlah lan ghoiru mahdlah. Ibadah mahdlah, engkang bersifat vertikal, mestinipun saget mbeto mboten namung kesalehan individual ananging ugi kesalehan sosial. Kaitanipun kaliyan meniko, wonten kisah sufi engkang perlu dipun renungaken. Rikolo semanten, wonten suami istri engkang kaetang mboten sugih saestu gadhah kepinginan naik haji. Suami istri puniko lajeng kerja keras lan nabung ngantos pinten-pinten tahun damel bekal sangu haji. Sak sampunipun tabunganipun cekap, suami istri puniko berangkat dateng tanah suci. Wonten perjalanan, kekaleh-ipun nemahi perkampungan engkang penduduk-ipun miskin-papa; penduduk sami kelaparan, lare-lare sami mboten damel ageman lan kathah engkang sakit busung lapar. Sumerap kondisi meniko, suami istri engkang kepingin sanget haji ngurungaken niatipun dateng tanah suci, lan nyaosaken sangunipun haji ugi sedoyo tabunganipun dumateng masyrakat perkampungan engkang kataman musibah meniko. Kekalehipun lajeng wangsul dateng dalemipun. Wonten kampungipun kekalehipun pinanggih kaliyang tiyag engkang mboten dipun kenal ngucapaken salam lajeng mungel “ selamat datang dari haji mabrur wahai hamba Allah yang mulia “. Kekalehipun jawab bilih mboten tamtu kaji. Ananging tiyang engkang mboten dipun kenal wau ngendikan bilih punopo engkang dipun damel wonten perjalananipun wau hakikatipun haji engkang mabrur. Wonten riwayat engkang nyebataken bilih tiyang engkang mboten dipun kenal wau sejatinipun malaikat engkang dipun serupa-aken manungso kaliyan Allah.

Saking kisah ing nginggil saget dipun garis bawahi bilih ibadah engkang sifatipun horizontal meniko ugi sanget penting. Malah sak yektosipun, ibadah engkang bersifat vertikal, kados shalat, poso lan haji dipun harapaken saget damel pelakunipun saleh secara sosial. Kados sebutan haji mabrur, umpaminipun, engkang dipun maksud yektosipun haji engkang efek-ipun dipun wujudaken melalui solidaritas ugi kesetiakawanan sosial.

Jama’h jum’ah engkang dipun mulyaaken Allah, mekaten khutbah engkang saget kulo aturaken, mugi-mugi sedoyo ektivitas kito saget bernilai ibadah lan mugiyo ibadah kito saget nglahiraken kesalehan engkang sifatipun sosial.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

%d bloggers like this: