Makna Taqwa

MAKNANIPUN TAQWA

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 الحمد لله نحمده و نستعينه و نعوذ بالله من شرور أنفسنا و سيئات اعمالنا من يهدى الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادى له واشهد أن لاإله إلا الله وحده لا شريك له واشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله اللهم فصل وسلم على سيدنا محمد واله وصحبه اجمعين.

أما بعد : فياايها الذين امنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون.

 

Jama’ah jum’ah rahimakumullah, lewat mimbar puniko kawulo ngajak pribadi kulo piyambak lan umumipun panjenengan sami, monggo ningkataken kualitas ketaqwaan kito dumateng Allah, kranten namung predikat taqwa ingkang badhe ngantaraken kulo panjenengan sami ngrengkuh kebahagian, kebahagian dunyawi langkung-langkung kebahagian ukhrawi. Allah swt. sampun dawuh wonten surat al-A’raf ayat 128 :

Engkang artosipun kirang langkung mekaten:

“Musa dawuh dumateng kaum-ipun: “Nyuwuno pertolongan marang gusti Allah lan sabaro siro kabeh – setuhuni bumi iku duweke Allah – diwarisake marang sopo ae saking kawulo-kawulone Allah sing dikarepake Allah – lan akhir sing apik iku kanggo waong-wong sing bertaqwa”.

 Kaum muslimin muslimat rahimakumullah, taqwa umumipun dipun artosaken secara sederhana, inggih puniko raos “wedi, ajreh” dumateng Allah lajeng dipun konkritaken kaliyan “nebihi sedoyo awisanipun lan ngelaksanaaken sedoyo perintahipun”. Meniko arti ingkang populer wonten kalangan masyarakat Islam, ngantos-ngantos “muttaqi” utawi tiyang engkang taqwa dipun maknani tiyang ingkang ajrih kaliyan Allah.

Jama’ah jum’ah ingkang berbahagia, sejatinipun taqwa mboten kedah dipun artosaken kaliyan raos ajreh, sebab ajrih puniko namung salah setunggalipun makna saking taqwa. Pranyoto wonten al-Qur’an pangartosan raos “ajreh” puniko langkung kathah dipun wakili kaliyan lafaz khasyiya ugi khawf. Justru predikat taqwa puniko ingkang mbadhe bebasaken menungso saking raos ajreh. Wonten surat al-Baqarah ayat 62, dipun sebataken bilih tiyang engkang beriman lan beramal sholeh mboten gadahi raos ajreh utawi khawf. Allah Dawuh :

Artosipun :

“Setuhuni wong-wong kang mu’min, wong-wong Yahudi lan kaum shabi’in, endi ae sing beriman marang Allah, hari akhir lan gelem beramal sholeh – deweke mesti bakal nompo ganjarane Allah, boten wonten raos ajreh/khawatir ugi boten bakal gadah raos sedih”

 Mirza Nashir Ahmad ngartosaken muttaqi, tiyang engkang taqwa puniko inggih tiyang engkang lurus, engkang budiman. Lafaz taqwa puniko dipun pendhet saking lafaz waqa, sahinggo muttaqi meniko tiyang engkang jagi pribadinipun saking hal-hal engkang nglarani lan ngrusak. Menawi dipun wangsulaken dateng kata wiqayah, artosipun inggih puniko “tiyang engkang damel baju pelindung”, mboten kranten perasaan ajreh, ananging kranten kewaspadaan lan sikap engkang ati-ati. Dados, muttaqi inggih puniko tiyang engkang jagi pribadinipun saking pendamelan dosa adedasar pedoman lan petunjuk saking al-Qur’an kanthi tujuan ngembangaken kemampuan rohani lan kesempurnaan diri.

Jama’ah jum’ah rahimakumullah, ngutip pendapatipun Hamka, bilih taqwa puniko ngandung pangartosan cinta, kasih, keberanian, pengharapan, cemas, tawakkal, ridlo, sabar lan arti-arti sanesipun. Prinsipipun, taqwa maknanipun :

  1. Pelaksanaan iman kaliyan amal sholeh
  2. Jagi hubungan kaliyan Allah, mboten sebab ajreh, NAMUNG kemawon langkung lebet maknanipun, inggih puniko kranten raus TRESNO ugi  kesadaran pribadi dados hambanipun Allah.

Wonten surat Ali Imran:  dipun terangaken ciri-cirinipun tiyang engkang taqwa inggih puniko :

  1. Engkang nuju ampunan Allah
  2. Engkang ngorbanaken hartanipun baik wonten kondisi lapang utawi rupek
  3. Engkang sanggup nahan amarah
  4. Engkang purun ngapuro kesalahan ngasanes
  5. Engkang mboten nganioyo dateng diri pribadi
  6. Engkang damel kesaenan dateng tiyang sanes
  7. Engkang cepet-cepet eleng dateng Allah nuli nyuwun ampunan/pangapuro menawi nglampahi khilaf/dosa.
  8. Engkang mboten ngulang kesalahan engkang sampun dipun lampahi.

Jama’ah jum’at rahimakumullah, taqwa meniko nyangkut hubungan kawulo kaliyan Allah, ananging implikasi utawi dampak kaliyan manfaatipun taqwa puniko bersifat sosial, bersifat kemanusiaan, ugi bersifat kemasyarakatan. Artosipun menawi tiyang ngaku taqwa dumateng Allah, implikasinipun inggih purun ngapuro ngasanes, inggih purun berbuat kebaikan, inggih purun berbuat adil dateng sesami lan pendamelan-pendamelan lintunipun ingkang kacakup wonten al-akhlaq al-karimah utawi akhlak engkang sae. Dados taqwa puniko dasar saking hubungan manungso kaliyan sesaminipun. Wonten surat al-Baqarah ayat 177 dipun dawuhaken:

Artosipun kirang langkung mekaten:

“Dhudhuk ngadepake wajah iro menyang arah etan lan kulon iku wujud kesaenan – ananging setuhuni kesaenan iku iman maring Allah, dino akhir, malaikat-malaikat, kitab-kitab, nabi-nabi, lan ngoweake bondho sing ditresnani maring kerabat, wong-wong miskin, musafir, wong kang jaluk-jaluk, merdekaake budak/pembantu, nglakoni sholat, bayar zakat; lan wong kang nepati janji yento deweke gawe janji, lan wong kang bodho sabar ono ing ing kerupekan, kasangsaran lan peperangan. Yo wong kang mengkono sing imane bener; lan wong kang duweni sifat mengkono kang disebut wong kang bertaqwa”

 Saking ayat ingkang kulo sebataken, saget dipun simpulaken bilih taqwa puniko nyakup pangartosan iman, iman dateng dino akhir ugi lintu-lintunipun kados wonten ayat kasebat. Ananging taqwa ugi gadah pangartosan sanesipun, taqwa ugi nyakup pangartosan birr utawi kebajikan, kesaenan, kados mbelanjaaken/ngorbanaken harta kranten cinta dateng Allah engkang diwujudaken kaliyan sedekah dateng karib kerabat, anak-anak yatim, tiyang engkang miskin, musafir, engkang meminta-minta; merdekaaken budak, ngleksanaaken sholat, zakat, engkang nepati janji lan engkang purun sabar wonten kondisi kerupekan. Mekaten pangartosan taqwa ingkang nyakup keimanan lan birr utawi kesaenan ingkang dipun tujuaken dumateng ngasanes.

Jama’ah jum’at rahimakumullah, Mekaten khutbah sarono ringkes, mugi-mugi kito kagolongno tiyang-tiyang engkang bertaqwa engkang manfaatipun taqwa kito puniko saget dipun raosaken tiyang sanes.

KHUTBAH KE-2

 

الحمد لله كما يجب علينا من حمده وتعظيمه – ونشكره على إحسانه وإنعامه – ونعوذ به من شرور انفسنا ومن سيئات اعمالنا – واشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له ولا زوال لملكه – واشهد ان محمدا عبده ورسوله القائم بنصره – صلى الله وسلم على سيدنا محمد واله وأصحابه الذين جاهدوا في سبيله ومن اقتفى شرعه وتمسك بدينه.

أما بعد : فياايها الناس اتقوا الله واعلموا أن الله امركم بأمر بدأ فيه بنفسه وثنى بملائكته المسبحة بقدسه – فقال عز من قائل – إن الله وملائكته يصلون على النبى ياايهاالذين امنوا صلوا عليه وسلموا تسليما. اللهم صل على سيدنا محمد وعلى ال سيدنا محمد كما صليت على سيدنا إبرهيم وعلى ال سيدنا إبرهيم – فى العالمين إنك حميد مجيد – اللهم وارض عن اصحاب نبيك والخلفاء الراشدين وعن التابعين وتابع التابعين ومن تبعهم بإحسان إلى يوم الدين – وعنا معهم برحمتك يا أرحم الرحمين. اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الاحياء منهم والأموات إنك سميع قريب مجيب الدعوات وقاضى الحاجات- اللهم اهلك الكفرة والمبتدعة والمشركين اللهم زلزل أقدامهم ونكس أعلامهم – اللهم انصرنا والمسلمين وأهلك اعداءنا اعداء الدين – ربنا اتنا فى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار – ربنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقونا بالإيمان ولا تجعل فى قلوبنا غلا للذين امنوا ربنا إنك رؤوف رحيم*

عباد الله – إن الله يأمر بالعدل والإحسان وايتاءذى القربى وينهى عن الفحشاء والمنكر والبغي ولذكر الله اكبر *

 

 

 

One thought on “Makna Taqwa

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

%d bloggers like this: